Selasa, 09 Juli 2013

Cerkak : Bojoku

Dening : Eli kristiana

          Wis telung sasi saploke aku ngandut tua anakku nomer siji, mas Marwan ora tau saba ngomah. Weruh anakke wae mung ping loro. Rikala aku babaran ing bidan sri, lan rikala anakke selapanan ing omahe simbokku. Kuwi uga amerga simbok nyusul mas Marwan supaya niliki anak bojone.
          Aku judeg, mbiyen zamane yang-yangan, mas Marwan tresno banget karo aku, ananging saploke bebojoan katon sifat asline, kasar. Menawa ora kepeneran sithik le aku ngladeni, tangane mesthi kumlawe, ninggalke bekas biru-biru ing awakku. Gaweane uga ora nggenah, jarene nyopir, nanging ora tau mblanja, malah kerep-kerepe njaluk duwit marang aku. Menawa aku ora ngekeki, mesthi barang-barang omah ono sing pecah.
          Kahanan ngandut aku kepeksa kerja umbah-umbah lan resik-resik nggone tangga, amarga butuh duwit kanggo mangan lan nyelengi kanggo ragat babaran sesuk. Kepiye maneh..Kabeh kalung, cincin, anting-anting, wis ilang disilih mas Marwan, embuh dinggo opo lan ora tahu bali. Dadine kabeh duwit sing ono, tak simpen primpen, tak lebokke kasur lan tak jait. Pengarepku muga-muga bojoku ora nemokke.
         Menawa dheweke bali ngomah, senengane mbengi terus, lan mambu omben-omben. Atiku ngampet loro, ananging ora wani tumindak. Opo dayaku, aku mung wong wedhok sing isone nangis lan nangis, pasrah karo kahanan urip, lan sendika dawuh karo bojo kang ora bener.
          Saplokke anakke lair, mas Marwan durung mari, malah saya ora nggenah. Puncakke seminggu kepungkur dhewekke bali, lan ngabari menawa arep nduwe bojo maneh, jarene wis meteng. Aku mung iso ngelus dada. Sabar, sabar, iku dudu kaping pisan, nanging kaping telu yange mas marwan meteng. Embuh piye kabar wong wedhok liyane, aku ora kepeingin ngerti.
          Simbok bola-bali ngandani, wis pegatan wae, dinggo opo urip karo wong lanang kurang ajar sing nggawe urip saya rekasa, wong sekolahku yo meso tekan smea, dadi iso ngoyak masa depan. Pancen bener omongane simbok, ananging piye-piyeo mas Marwan kuwi bapakne anakku sanadyan dheweke ora peduli karo anakke,  aku ugo isih tresno tenan. Aku isih ngarep-arep mas Marwan iso mari, ananging kok yo suwe ora mari-mari, mangka aku saya ora kuat...
           ****

          Aku krungu yen mas Marwan ketangkep polisi. Dodolan omben-omben, lan nyambi main. Dikunjoro bola-bali, nanging cepet metune amerga ono sing nebus. Aku wis ora peduli, aku dudu sisihane maneh sing mung iso dilarani. Aku wis beda. Saiki aku iso nyandang apik, ning ngendi-ngendi ono sopir sing ngeterku aku. Uripku kepenak saploke aku dipek bojo karo Pak Handoko, duda ora nduwe anak, sing dadi juragan pitik lan nduwe sawah pirang-pirang. Pancen umure wis 55 taun, beda 30 taun karo aku, uga aku ora nduwe rasa tresno babar blas. Nanging ora opo-opo, kabeh kanggo masa depan anakku. Nyatane atiku tentrem, aku diayomi, ditresnani, lan diajeni karo Pak Handoko. Anakku uga dianggep anakkke dhewe, diragati, dibukakke tabungan kanggo ragat tekan kuliah sesuk. Dadi aku uga mbalas kabeh katresnan iku kanthi ngabdi dadi bojo sing apik.
          Kadangkala mas Marwan isih nggolekki aku, njaluk balen, ananging ora mas, sanadyan rasa tresna iki iseh ono, nanging wis cukup aku kleru entuk bojo kowe mbiyen mas, saiki aku wong wedhok sing duwe bojo. Aku agarep ngabdi jiwa raga karo bojoku sing saiki, lan urip ayem tentrem salawase. Opo maneh aku ngandut anak kaping telu maneh, anakke Pak Handoko. Kabeh masa lalu wis tak tutup, supaya anakku uga nduwe masa depan kang luwih apik mengko.

Jogja, 8 Juli 2013
kristianaeli@gmail.com