Dening : Eli Kristiana
Waluyo iseh nginceng suara ngocehing manuk kang keprungu saka kebon mburi omah. Tangane kelet gupak pulut, agintas masang pring kang diolesi pulut lan di cedakke kurungan isi manuk prenjak, kanggo ngundang supaya manuk sing diinceng gelem nyedak. Wah lumayan ki yen di dol ana ing pasar kewan ndongkelan kana. Isa kanggo tuku klambi, batine karo ngguya-ngguyu.
Manuk branjangan iku iseh menclok ana ing gagang wit pelem sisih nduwur. Kadangkala nyedaki lan muni saut-sautan karo prenjak e. Waluyo rodo ngadoh, wis siap-siap yen branjangane mlebu perangkape.
"Lah, kena kowe! Kecekel saiki!" Bocah siji Smp iku mlumpat-mlumpat kesenengen lan marani kewan iku, digoceki banjur digawa menyang wetan ngomah.
Dheweke ingak-inguk nggoleki kurungan kosong, ananging ora ana sing kosong, banjur salah sijining manuk dilebokke kurungan supaya waluyo isa nggawa manuk e nganggo kurungan.Bocah iku banjur gage-gage njukuk pit sing kerep dinggo saben dinane sekolah, pit sing kadangkala rantene ucul, ananging jebul ban ngarep nggembos.
"Waduh piye iki la kok nggembos.. Ah wegah aku ndadak mompakke, wis tak ngebis wae.." Waluyo rodo muni-muni, rekane arep ngepit ben isa ngirit malah ndadak ngetokke duwit. Untung duwit sangu sekolah wingi isih ana, ditambah karo ndudah celengan kanggo sangu ngebis lan tuku es teh ana ing kana.
Bis kang ditunggu teka. Kebak, nganti umpel-umpelan. Tangan waluyo sing siji gocekan lawang, lan tangan sijine nggujengi kurungan sing ditutupi nganggo kertas koran. Deweke krasa untung entuk ing cedak lawang, ora kaya sing ning tengah, pada kependeng-pendeng.
Tekan pasar kewan ndongkelan, bocah iku banjur nggolek nggon kanggo dodolan.
**
Yogya, 1 Januari 2014