Minggu, 30 Maret 2014

Cerkak : Brutu

 Dening : Eli Kristiana

       Welas mbesengut karo mecucu, nyawang sega lan lawuh iwak pitik baceman dada menthok, werna coklat legi, kang sandingan karo saksendok sambel trasi, uga lalapan timun rong iris lan kemangi kang godhonge ijo seger. Pancen enak tenan, apa maneh kanggo weteng sing wis kemrucuk awan iku, njaluk diiseni amerga seka isuk durung madhang sega, kamangka sakgelas susu, saktangkep roti tawar isi mesis wis mlebu weteng. Jenenge we wong jawa, durung mangan menawa durung mangan sega. Ananging kuwi kabeh kurang siji, ayame ora ana brutune! Kamangka kuwi sing dipingine Welas.
       Ibune Welas senengane ngandani, " Aja kerep mangan brutu, mengko ndak gampang lali." Ah, Ibu ki kuwi kan supayaWelas ora tuman le mangan brutu wae, kuwi kang ana ing pikiranne Welas. Kamangka deweke paling seneng mangan brutu, amerga rasane gurih, lan empuk. Brutu iku salah sijining awak pitik sik paling enak, ngluwihi pupu, dada, gulu, cakar, saya meneh balung utawa otak.
       Welas biasane entuk brutu menawa mangan ing warung iku, ananging dina iku wektu deweke lagi kepingin mangan brutu, malah ora dikei sing ana brutune. Lambene saya mecucu bareng manganne wis seprapat sega, wedang pesenane durung teka, kamangka es tape ijo  kuwi es paling enak sakdonya, ngarani Welas. Kamangka lawuhane wis komplit, lan le mangan ning ngisor wit, silir, nyawang ndalan sing sliweran kendaraan.
    Pungkasan Welas menyat seka lungguhe lan nyedaki panggonan pawon sing dinggo masak. "Buk, kula pesen es tape nggih, samput pesen ket wau nanging dereng didamelke..."
       "O inggih to mbak, nyuwun pangapunten, kesupen wau, "  wangsulane sing dodol karo gage-gage nggawekke wedhang.
       Welas banjur mbalik tumuju nggone lungguh, ananging sakdurunge mbalik, mripati nemokke apa sing dipingini, cuwilan brutu ing tembor sing agintas midun seko lengo panas. Wah, iki sing digoleki Welas, kesempatan, pikire lan gage-gage deweke njaluk karo sing dodol.
       "Buk, nuwun sewu, kula saget mboten nyuwun cuwilan-cuwilan brutu niku?" pitakone karo nuding ing nduwur meja pawon.
       Amerga sing dodol rumangsa kleru lali nggawekke wedang, banjur wangsulan, " Oh, mangga dipendet sedaya nggih mboten napa-napa, amargi do mboten purun brutu mbak."
       Welas bungah atine, iso entuk brutu gratisan.  Kanyata lali wedang tape diganteni brutu akeh, lan awan iku dadi awan kang endah kanggo wetenge Welas...

Yogyakarta, 30 Maret 2014
Siang di kamar
kristianaeli@gmail.com