Dening : Eli Kristiana
Esuk iku langit iseh peteng, ananging werna abang wus katon ing sisih wetan. Gegodhongan teles kena embun, lan kabut tipis ngebakki desa ing sakngisoring gunung Ngandong.
Sakiki jam setengah lima subuh, kaya adate Pak Handoyo wus tangi, senadyan mripat ngantuk iseh katon ing raine. Dheweke tumuju ing mburi omah, marani sumur. Njero sumur iseh katon peteng. Timba diranggeh, lan keprungu suara kriiit.. saka roda timba. Banyu bening saka sumur esuk kuwi kanggo raup, lan diombe sithik. Seger lan anget, ora kalah saka banyu sing dipepe ing ngisor srengenge.
Sakwise ning pekiwan. dheweke banjur mlebu omah, tumuju pawon, marani ceret kebak angus kandel, lan numpangke ing nduwur keren saka bata sing ditumpuk-tumpuk kiwa tengen lan mburi. Kayu saka wit gori garing dilebokke, banjur rek jres nuli diurupke.
Jreess..Bluk.. Werna abang, oranye, lan biru geni metu, mobyar-mobyar madhangi pawon. Kebul mobal-mobal ngebakki ngisor ceret lan panggone Pak Handoyo sing lungguh dingklik karo ndamu geni nganggo wit pring. Let pirang menit, keprungu suara banyu umub, banyu kanggo nggawe kopi ireng sing dideplok dhewe. Kopi pait ora nganggo gula, pait kaya zaman mbiyen sawektu kerja ing kapal.
Kopi asli pancen beda karo kopi wungkusan kaya contone sing gambar kapal. Kapal sing mandeg, ora mlaku, kaya uripe saiki ora mlaku-mlaku...
**
Dok.. dok..dok..
"Kulanuwun.." keprungu suara wong ndodok. Ora let suwe Pak Handoyo nemoni wong kuwi. Jebul si Jiman anakke Pak Karyo.
"Kulanuwun Pakde..." undange kaping pindho.
"Mangga, ana apa le?"
"Niki badhe nyaosaken uleman ngunduh mantu saking bapak," wangsulane karo ngulungke uleman ijo nom ing njero plastik.
"Loh, sapa sing dadi manten, le?" pitakone.
"Kakang kula Pakdhe, ingkang makarya wonten Kalimantan. Angsal tiyang Kalimantan ugi. Benjang dinten Setu."
"Oya, taktampa le, diaturke maturnuwun ya kanggo bapak."
"Inggih, Pakdhe," wangsulane Jiman karo pamit.
Pak Handaya banjur mbukak uleman. Dheweke nyawang foto manten loro-lorone. Sing putri pancen ayu, pas karo sing kakung sing uga ngganteng. Ananging dheweke meh semaput maca jeneng besane wedok Pak Karyo, Siti Aisyah Romana. Kuwi jeneng sing diapali, luwih saka rung puluh taun kepungkur, yange mbiyen, sing ditinggal lunga, mangka wus ngandut telung sasi.
Pak Handoyo arep semaput nyawang sepisan maneh foto manten putri, raine pancen persis kaya Pak Handoyo...
Yogyakarta Mei-Juni 2014
kristianaeli@gmail.com