Selasa, 02 Agustus 2016

Pameran lan Workshop Tindes Art

dening : Eli Kristiana

       Pak Bagong karo Bu Bagong dina iku nampa undangan saka Pak Dukuh bab ana pameran seni lan workshop ing bale desa. Undangan iku katujukake kanggo kabeh warga desa. Durung tau ana undangan acara kaya mangkono, biasane ya mung penyuluhan saka dinas pertanian, syawalan lan rembug desa. Acara iku digagas sekolah tinggi seni Indonesia. Pambicarane jarene Pak Lurah, Pak Dosen Sekolah Tinggi Seni, lan Kepala Dinas Seni  lan Budaya.
        Pak Bagong maca judul undangan, "Pameran lan Woksop Tindes Aret. Hmm...woksop ki opo to, opo maneh tindes aret... ora mudeng aku Bu, " jare Pak Bagong karo siap-siap nganggo klambi batik lengen dawa.
        "EmbuhPak, jarene ben warga desa kene ki podho ngerti seni, ora mung ngarit, macul, nandur, utawa nggawe gedheg kaya kowe. Kamangka nggawe gedheg ki nek yo seni to pak, butuh ketrampilan. Wong kutha ngendi saiki sing isa nggawe. La kudune uga ana pameran gedheg, mengko sing ngajari iso kowe dhewe, banjur diundang tekan ngendi-ngendi, entuk duit akeh. Nek yo uripe awakdhewe saya kepenak to Pak.," ujare  Bu Bagong karo nyawang gedheg ing sandinge lungguh.
       "Wis, ayo Bu, gage mangkat, mengko ndak kisinan nek telat le mangkat. Mesakke sing nduwe acara, " ujare Pak Bagong,  karo ditutke bojone karo mlaku cepet saka mburi.
       "Eeh, alon-alon to Bu le nyengklak, kowe ki sakiki tambah lemu je.."
       Sing dilokke banjur wangsulan karo mrengut, "Walah kowe ki yo tambah lemu saiki Pak, aku diundang Bu Bagong ki nek yo merga kowe saka mbiyen lemu, banjur aku dadi melu-melu lemu, e malah saiki ndadak ngonekne aku." Pak Bagong meneng wae, mripate ngawasake mlakune pit kang ngliwati watu-watu cilik ing pinggir dalan.
       Ing bale desa, acara diwiwiti nggango layar. Pak Dosen iku ngandani apa kuwi Tindes art, banjur ana gambar-gambar lan tulisan ing layar.
       Bu Bagong bisik-bisik bojone, "Pak, elok yo gambar-gambare sing ana ing komputer ki. Ampuh tenan sing jarene komputer. Kepingin melu mencet-mencet huruf, angka, banjur lambang-lambang apa kae mbuh,"
       "Aja aneh-aneh, mengko ndak salah ndemok, komputere njebluk kepiye?"
       Bu Bagong kaget nganti mendelik, "Hah, isa njebluk to , Pak?"
       "Yo paling, aku yo ora ngerti. Sing jelas jare mas Toni sing dadi guru kae gambare ana merga saka pledis. Pledis ki alate cilik, sing dituncepke ing komputer. Ngono..."
       "O dadine sing ampuh ki sakjane komputer opo pledis to Pak?" Bu Bagong iseh takon wae karo bola-bali mangan kacang godhog.
       "Wis to Bu, ora sah takon wae. Iki aku lagi ngrungokke Pak Dosen seni kae lho. "
       "Iyo, iyo, tak meneng wae wis, mbangane mung diseneni. Luwih becik nggaya-nggaya menawa ana mas'e sing jepret-jepret foto. Lumayan menawa foto-fotone iso sing paling akeh dhewe. Eh, mas mas, mangke kula difoto sing kathah nggih, " ujare karo ngawe mas'e sing motret, banjur diplerokki bojone. Mas e sing dikon mesthi wae manthuk-manthuk karo mesam-mesem.
       "Bapak ibu, mangga sami ajar ndamel Tindes Art, menika saget kagem tas, suvenir, dompet, lsp." ajakke Pak Dosen.
       Pak Bagong lan bojone banjur mraktekke. Pisanan nggambar nganggo petelot ing kertas karton, nanging sing kandel nganti ono jalur-jalure tipak potelot. Banjur diolesi cet nganggo kuas bunder, supaya cet e iso roto, banjur garis-garis sing diganbar mau digambari maneh. Banjur ditemplekke ing kain. Hasile meh kaya cap-capan kae. 
       Pak Bagong nggambar punakawan kasenangane, yaiku Bagong. Menawa Bu Bagong nggambar wit jagung amerga dhewekke senengane nandur jagung. Pak Bagong nyawang hasil prakaryane sing ana ing kain kang lagi diangin-anginke. "Oo, iki to jenenge Tindes At, lha wis iso maca bener to aku saiki, mbangane wingi Tindes Aret. Piye yo bu, kok le pinter temen sing nyiptakke seni iki. Aku sing diarani paling pinter seni ing desa iki we pikiranku ora tekan je yen kon nyipta prakaryan kaya ngene."
       "Lha Bu, sesuk ponakane dhewe sing iseh SMA kae dikuliahke wae ning sekolahe Pak Dosen kae, ben isa nyiptakke seni opo-opo,contone seni gedheg warisanne pakdene iki, mengko nek yo iso pameran tekan negara manca, nek yo awakdhewe melu seneng."
       "Lha kuwi kan sing takkandakke mau Pak. Nanging pancen bener ben ponakane dhewe wae sing ngembangake ketrampilanmu nggawe gedheg, mengko ndak kowe katut wong wedhok  ning kana, wegah aku."
       "Hahaha,.." Pak Bagong ngguyu kepingkel-pingkel weruh raine bojone sing mecucu. "Wis to, Bu, ora ono rai lucu sing bunder nyempluk liyane kowe. Ora ono sing madani, dadi yo mesti sing tak pilih yo kowe.. Wis ayo ndang bali, ojo lali kacang godhoge dibungkus nganggo tisu, kanggo oleh-oleh ponakane."
       Wong loro lemu kuwi banjur mlaku tumuju parkiran, nggawa ilmu anyar kang diarani Tindes Art. Nggawa oleh-oleh tresna ing ndalan sing nggawe sapa wae meri.

Yogyakarta, 2 Agustus 2016
kristianaeli@gmail.com

Senin, 18 Juli 2016

Cerkak : Kupu-kupu

Dening : Eli Kristiana

       Pirang-pirang ndina iki akeh kupu-kupu maneka warna sing menclok ana ing wit-witan kembang omahe Bulik. Iso dimangerteni menawa pekarangane pancen jembar, lemahe subur, lan bulik uga pinter carane nandur, dadi kembang-kembang podo njedul, ana kembang melati, mawar, matahari, tapak dara, desember, lan liya-liyane. Sapa wae sing nyawang mesthi seneng, opo maneh pas musim kupu-lupu kaya saiki, wis srengenge sumunar endah, langite biru resik, kupu-kupu mabur ing wit-wit kembang. Kuwi sing njalari pendak prei sekolah dawa aku njaluk nginep ing omahe Bulik, raketan kudu direwangi numpak sepur sejam, lan kudu ngebis maneh saka pusat kota Solo.
       Kupu-kupu sing padha teka kuwi ana atusan cacahe, kadangkala menclok ing gegodhongan, kadangkala ing pucuking kembang, malah kadang ing nduwur jendela kamarku, mesthi wae aku jeprat-jepret nganggo kamera HP, amargi iki rodho langka kanggoku. Piye sing ora langka, ning omahku akeh pekarangan sing lemahe dikonblok, disemen, isine yo mung pot wit-wit cilik, alasane angel nandur kembang, endi sing nyalahke hawa sing ora sejuk kaya ing nggunung, lan maneka warna alasan. Aku kepingin yen sesuk wis rampung sekolah banjur bebrayan, aku nduwe omah sing pekaranganne jembar, banjur nandur kembang, disirami nganggo ember semprotan banyu, banjur yen wis ngembang iso methik lan ditata ing vas kamar tamu, marakke wangi lan seger.
        Kupu-kupu ki tandha yen akeh kembang gandha sedhep, sapa wae wong wedhok mesthi seng karo kupu-kupu sing warnane kaya pelangi. Ning kene aku dadi kerasan, lan arep ngentekke preinan ing kene seminggu maneh.
       "Dit, tulung Bulik nyirami kembang-kembang yo, Bulik arep arisan, dadi baline surup." kuwi printahe Bulik.
       Aku seneng banget, biasane mung nyawang thok, eh malah diprasahi ngurusi wit-witan. Wis jan, aku jepret-jepret, methik, nganti mlebu-mlebu wit kembang supaya entuk gambar sing apik. Ladalah... kok ana sing obah-obah ing klambiku... aku mengo, jebul uler ! ora mung siji, ning telu, ora mung ing klambiku, ning akeh ing godhong-godhong. Aku njerit-njerit keweden, lan emoh maneh nyedaki kembang, jebul kupu-kupu ki tandha yen bakal akeh uler. Aku kandha Bulik emoh maneh kon ngurusi wit-witan kemabng, lan milih bali cepet ora arep ngentekke preinan.

Yogya, Desember 2015
kristianaeli@gmail.com

      

Senin, 23 November 2015

Cerkak : Njagong

Dening : Eli Kristiana

       Awan iku katon endah, langit biru resik, padhang njingglang kaya laut tumemplek ing nduwur. Mega-mega kaya kapuk cemanthel, sumunar, agawe ati sapa wae kang nyawang kagawa tentreming lan syukur sing nduwe urip. Ana ing njero bis, saka ing ereng-erenging lemah garing gunung kidul, Pak Tukimin sekalian tumuju kutha Yogya, sakperlu njagong manten. Uleman saka Pak Prakoso, kang saiki dadi anggota DPRD ing kutha. Mbiyen zaman KKN 25 taun kapungkur, Pak Prakoso wis tau nunut turu ing omahe. La saiki bareng dadi penggede lan arep mantu artis, dheweke ngundang sakperlu nyekseni.

       "Bu, Mengo menawa wis tekan panggonan, aja ngisin-ngisinke yo, amarga akeh tamu penting, sugih. La awakdewe iki mung apa, nek yo mung gaplek disandingke karo burger to, roti sing isine tumpuk-tumpuk cacah akeh kae, nek yo njomplang.."

       "Iya, iya pak. Wong ya nganti direwangi nyilih batik tanggane. La iki gelo  klambi karo tas mung nyilih. Wis, saiki ngombe sik pak, ndak ngelak.." kandhane Bu Tukimin karo ngulungake botol wedhang sangu seko ngomah, mbokmenawa ing ndalan ngelak, ora kudhu nggolek warung, sing wedine larang, kamangka sangu duwite mung sithik.
       Mudhun saka bis, sekalian kudu mlaku udakara 100 m tumuju gedung resepsi. "Pak, sik pak, mandheg sik, leren ing ngisor wit kana sing iyup, aku tak dandan dilit, gelo pupure rodo luntur, kamangka mau ing ngomah wis didandani anak wedhok, wis rapi, ning kok yo tetep luntur.." kuwi kandhane karo ngranggeh pupur, pengilon, lan saput dioser-oserke ing raine. Benges abang mbranang ora lali dioleske lambe.
       "Wis bu, wis, aja kekandelen, mengko ndak kaya ledhek, isin aku."
       Bu Tukimin ngguyu, "iya, iki wis rampung, yo gek ndang ndono."
       Gedung kang kanggo resepsi pancen gedhe, jembar, akeh lampu-lampu apik kaya ing kraton. Bener tamune sandangane podo elok kabeh. Ora kaya Pak Tukimin sekalian sing seko nduwur tekan ngisor silihan kabeh. Ananging sakdurunge nyedak manten, pak Tukimin ngajak bojone minggir sik ing cedak tembok, lan raine pucet, rodo bingung. Bojone bingung, "Ono opo Pak?"
       "Anu bu, ngelih..."
       "Yo ayo, salaman njuk ndang madhang..."
       "Dudu wetengku sing ngelih, ning sepatuku gelo, mau kesandung karpet kana mau, njuk ngarepe mbukak..." 
       Wong loro sekalian mung iso meneng bingung, ing sel-selane para tamu sugih ing resepsi iku...

Yogyakarta, 21 September 2015
kristianaeli@gmail.com
       

Minggu, 20 September 2015

Cerkak : Cagak Pring

Dening : Eli Kristiana

       Wis rong taun Tini ngancani bojone urip tani, tandur tinandur palawija ing tengah alas, pinggir desane. Tanda tresna lan wujut setia sing kaucap rikala ijab kabul patang taun kepungkur. disekseni akeh wong, lan derewangi mbrebes mili pas sungkeman karo wong tuwa. Janji menawa urip mati, mangan ora mangan kudu wong loro, dadi ana ing ngendi wae papane, Tini bakal melu, ngetutke bojone.
       Bojone Tini dudu wong kang nduwe bandha akeh. Pakaryane mung dadi buruh tani, amarga ora nduwe lemah. Mbabat alas,  iku kang dikandakake bojone, kanggo nyukupi kabutuhan kang saya akeh, ananging kabeh sarwa kepenak ing ndesa kudu wani ditinggalake. Tini ditari, arep tetep ing ndesa apa melu nandur tinandur. Mesti wae Tini ngaboti bojone, lan piye-piyeo anakke lanang isih butuh cedhak karo bapakne. Dhewekke ora kepingin anakke adoh saka bapakne,  banjur nakal kaya anakke tanggane kang gaweane nyolong amerga butuh katresnan saka bapakne sing minggat mbuh ning ngendi.
        Dadio kaya cagak pring. Kuwi sing bola-bali diomongke bojone sakdurunge pindah, mbabat alas. Cagak pring kuwi pancen ora kuat kaya kayu, ananging pring iku ulet, lan Tini kudu iso ulet, iso rekasa mengko. Pancen Tini gelem rekasa, ananging bareng saiki anakke saya gedhe, uripe saya krasa abot. Dheweke kepingin krungu karo suara bakso ting ting..., krungu lan weruh suara tv lan gambare kang maneka warna, weruh karo padhange lampu, ora mung senthir, teplok, petromak. Apameneh saiki dheweke ngandut rong sasi, awakke kerep lemes, ngidaham maneka warna kang onone ing desa. Anakke lanang uga lagi nakal-nakale, mangka bojone menawa mbengi kadhangkala kudu ngawasi tanduran supaya ora ono kewan sing mangan. Mbiyen sakdurunge omah-omah, Tini kepingin anakke iso sekolah dhuwur, urip luwih seneng mbangane dheweke mbiyen, la saiki nek mung urip ning alas, njuk piye masa depane, mangka dilit maneh bocah sakumure padha arep mlebu TK. Ananging opo tegel Tini ninggalake bojone dhewe...
       Wengi iku, bojone Tini kaget, sawektu bali nemoake bojone sesengukan, ora isa omong apa-apa lan lendhetan cagak pring...

Yogya, 18 0kt 2015
kristianaeli@gmail.com


Selasa, 30 Desember 2014

Cerkak : Raden Ayu

Dening : Eli Kristiana

       Mbakyu Saras, Mbakyu Lastri, lan Denok Menik lagi wae bubar njagong manten ana ing omahe Ndoro Sunu. Ndoro Suni kuwi sakjane dudu ndoro, ora nduwe seduluran karo kraton ngendi wae, ananging dheweke mung abdi dalem kraton Ngayogyakarta. La amarga piyambakke paling sugih banda seko dol-dolan batik, alias juragan batik, dadi wong-wong podho ngundang Ndoro Sunu.
Ananging sing dadi perkara kuwi dudu Ndoro Sunu, uga dudu anakke sing saka garwa kapisan sing dadi manten, ananging garwane sing anyar, yaiku Ndoro Ratri sing saka crita-crita arep diparingi gelar Raden Ayu saka kraton Surakarta.
       "Mosok to Mbakyu, wong ndeso, bojo keloro, wis sekolahe mung tekan SMA kok arep dadi Raden Ayu. Raden Ayu saka ngendi?" Mbakyu Saras miwiti omongan.
       "Jarene dudu ndeso Mbakyu, ananging kutho pinggiran, terus yo wis tau kuliah, ananging anakke wong ora nduwe... Dadi yo mung nggolek bandha to kuwi, umure we kacek sithik karo anakke Ndoro Sunu sing mbarep. Dadi pancen pinter, ning pinter ngraket wong sugih, tegese wong wedhok geleman...!" wangsulane mbakyu Lastri karo perat-perot.
       "Mbakyu Saras, Mbakyu Lastri, aja podho ngono tho, awakke dewe kan durung ngerti piyambakke koyo ngopo. Sapa ngerti dudu wong sembarangan. Amarga krungu-krungu ki piyambakke pinter banget, senengane ngajari mbathik tekan ngendi-ngendi, malah nganti tekan negara manca. Elok to... Basa Inggrise mesthi yo cas-cis cus, paling awakdewe ki podo ndomblong, radong menawa piyambakke ngomong," wangsulane Denok Menik.
       "Ah mosok to. Aku ora percaya. Piye-piye ki aku luwih percaya menawa Ndoro Ratri kuwi wong ora bener, iyo to Mbakyu.."
       "Ho o, bener kuwi.." wangsulane Mbakyu Saras karo manthuk-manthuk.
       Denok Menik mbatin. "Senengane kok podho mikir ala sik karo wong, sesuk nek yo podho ngakoni nek wis ketemu..."
**

       Sesasi luewih saka mantene anak Ndoro Sunu, dusun katekanan tamu. Kenya ayu, kulit kuning mangir, wangi, nganggo klambi bathikan, rambute sing ireng disanggul, ayuuuu tenan. Kenya kuwi mlaku marani omah-omah, dikancani Pak Dusun.
       Omahe Mbakyu Saras lan Denok Menik sing jejeran diparani. Wong loro sing lagi podho mepeni ing ngarep omah kaget.Sapameneh Mbakyu Saras sing katekanan tamu, gage nyumanggaake mlebu omah. Denok Menik thingak-thinguk, kepingin ngerti sapa kuwi.
       Udakara sepuluhmenitan, tamune metu lan pamitan, ditutke Mbakyu Saras karo mesam-mesem ngguyu.
"Sapa kae Mbakyu, kok kaya tamu penting, ayu tenan yo Mbak..."
       "Wah aku seneng banget, Nok, amerga anakku loro sing lagi SD arep dikeki beasisiwa, nganti tekan SMP karo Raden Ayu!"
       "Raden Ayu? Raden Ayu sapa?" pitakone Denok Menik karo kaget.
       "Raden Ayu Ratri, alias Ndoro Ratri, garwane Ndoro Sunu! Pancen piyambakke wis ayu, pinter, lan atine apik..."
       Denok Menik mung geleng-geleng lan mbathin, "Owalah, pancen duwit ki iso ngowahi wong saka sengit kepathi-pathi dadi seneng kepathi-pathi, nganti ngundang Raden Ayu barang..."

Yogyakarta, 2 Agustus 2014, Siang
kristianaeli@gmail.com

Selasa, 01 Juli 2014

Cerkak : Uleman

Dening : Eli Kristiana

       Esuk iku langit iseh peteng, ananging werna abang wus katon ing sisih wetan. Gegodhongan teles kena embun, lan kabut tipis ngebakki desa ing sakngisoring gunung Ngandong.
       Sakiki jam setengah lima subuh, kaya adate Pak Handoyo wus tangi, senadyan mripat ngantuk iseh katon ing raine. Dheweke tumuju ing mburi omah, marani sumur. Njero sumur iseh katon peteng. Timba diranggeh,  lan keprungu suara kriiit.. saka roda timba. Banyu bening saka sumur esuk kuwi kanggo raup, lan diombe sithik. Seger lan anget, ora kalah saka banyu sing dipepe ing ngisor srengenge.
       Sakwise ning pekiwan. dheweke banjur mlebu omah, tumuju pawon, marani ceret kebak angus kandel, lan numpangke ing nduwur keren saka bata  sing ditumpuk-tumpuk kiwa tengen lan mburi. Kayu saka wit gori garing dilebokke, banjur rek jres nuli diurupke.
       Jreess..Bluk.. Werna abang, oranye, lan biru geni metu, mobyar-mobyar madhangi pawon. Kebul mobal-mobal ngebakki ngisor ceret lan panggone Pak Handoyo sing lungguh dingklik karo ndamu geni nganggo wit pring. Let pirang menit, keprungu suara banyu umub, banyu kanggo nggawe kopi ireng sing dideplok dhewe. Kopi pait ora nganggo gula, pait kaya zaman mbiyen sawektu kerja ing kapal.
       Kopi asli pancen beda karo kopi wungkusan kaya contone sing gambar kapal. Kapal sing mandeg, ora mlaku, kaya uripe saiki ora mlaku-mlaku...
**

       Dok.. dok..dok..
       "Kulanuwun.." keprungu suara wong ndodok. Ora let suwe Pak Handoyo nemoni wong kuwi. Jebul si Jiman anakke Pak Karyo.
       "Kulanuwun Pakde..." undange kaping pindho.
       "Mangga, ana apa le?"
       "Niki badhe nyaosaken uleman ngunduh mantu saking bapak," wangsulane karo ngulungke uleman ijo nom ing njero plastik.
       "Loh, sapa sing dadi manten, le?" pitakone.
       "Kakang kula Pakdhe, ingkang makarya wonten Kalimantan. Angsal tiyang Kalimantan ugi. Benjang dinten Setu."
       "Oya, taktampa le, diaturke maturnuwun ya kanggo bapak."
       "Inggih, Pakdhe," wangsulane Jiman karo pamit.
       Pak Handaya banjur mbukak uleman. Dheweke nyawang foto manten loro-lorone. Sing putri pancen ayu, pas karo sing kakung sing uga ngganteng. Ananging dheweke meh semaput maca jeneng besane wedok Pak Karyo, Siti Aisyah Romana. Kuwi jeneng sing diapali, luwih saka rung puluh taun kepungkur, yange mbiyen, sing ditinggal lunga, mangka wus ngandut telung sasi.
       Pak Handoyo arep semaput nyawang sepisan maneh foto manten putri, raine pancen persis kaya Pak Handoyo...

Yogyakarta Mei-Juni 2014
kristianaeli@gmail.com



      

Senin, 07 April 2014

Cerkak : Kethoprak Sayembara

Dening : Eli Kristiana

       Dina iku setu mbengi, utawa kanggone cah enom diarani malem minggu, malem wektune dolan-dolan ana ing papan rame. Nanging kanggone Pak Sronto, iku dina sing kudu ana ing ngarep tv, apamaneh yen dudu ndelok kethoprak sayembara, kang ngrebutake hadiah TV hitam putih, pit, kipas angin, lan hadiah werna-werna liyane.
       Udakara jam pitu kurang seprapat mbengi, dheweke wis mlaku menyang omahe Pak RT, kang mung keletan telung omah saka omahe. Rekane arep mangkat gasik supaya entuk panggonan sing kepenak, e ..jebul wis akeh sing padha melu ndelok. Ing kampung kana, pancen mung sithik sing nduwe TV, lan Pak RT salah sijining, ananging ya iku ana aturane, menawa ndelok kudu anteng, ora rebutan panggonan, lan mung nganti jam sanga mbengi, mbuh acara TV rampung apa ora.
       "Kulanuwun Pak RT, badhe nderek ningali nggih," kuwi tembunge karo ndodog lawang omah sing wus bukaan jembar, nuli disauri sing nduwe omah, nyumanggakke Pak Sronto mlebu. Dheweke banjur lungguh, sila, lendetan cagak, umpel-umpelan karo tangga liya, ora nggagas lungguhe kepenak apa ora, sing penting iso entuk panggon,
       Kethoprak diwiwiti, critane marakke padha ndomblong nyawang kotak isi gambar ireng putih sing obah. Kabeh ora mingset saka lungguhe. Kacarita Adipati Danar Kencana nggolekki sapa sing wus nyolong pusakane, lan sing nyolong iku kang dadi pitakonan sayembara. Pak Sronto mbedek-mbedek. Sapa ya ... Gek-gek musuhe sing kepingin nyingkirke Adipati Danar Kencana, apa anakke sing wus di kon lunga seka kadipaten kana, apa ndilalah garwane sing nomer loro, amarga katon nyalawadi . Dheweke terus mbedek-mbedek.
       Bali tekan ngomah, pria tua iku ngranggeh kertu pos werna abang, banjur nulisi jeneng lan alamat omahe. Kupon saka koran dina iku kang njaluk tanggane, digunting, banjur ditemplekke ing mburine, lan ditulisi jawaban sing nyolong pusaka iku. Ora lali prangko Rp 500,- ditemplekke uga nganggo sega. Sesuk senen garek digawa ing kantor pos kecamatan. Sapa ngerti bedekane bener, lan entuk hadiah TV. Lumayan ora perlu nunut tanggane maneh.
       Esuk jam setengah wolu, Pak Sronto menyang kantor pos karo ngepit. Tangan sijine gojekan stang, lan tangan sijine nggawa kertu pos. Tekan tengah tegalan ndilalah roda pite nabrak krakal, dadi pit lan sing numpak tiba. Pak Sronto ora kenapa-kenapa, ananging kertu pose tiba, lan mlebu kalen... 
Pak Sronto mung iso nyawang kertu pos teles ing tangane karo bingung...

Yogya, 4 April 2014
Malam di kamar
kristianaeli@gmail.com