Dening : Eli Kristiana
Awan iku katon endah, langit biru resik, padhang njingglang kaya laut tumemplek ing nduwur. Mega-mega kaya kapuk cemanthel, sumunar, agawe ati sapa wae kang nyawang kagawa tentreming lan syukur sing nduwe urip. Ana ing njero bis, saka ing ereng-erenging lemah garing gunung kidul, Pak Tukimin sekalian tumuju kutha Yogya, sakperlu njagong manten. Uleman saka Pak Prakoso, kang saiki dadi anggota DPRD ing kutha. Mbiyen zaman KKN 25 taun kapungkur, Pak Prakoso wis tau nunut turu ing omahe. La saiki bareng dadi penggede lan arep mantu artis, dheweke ngundang sakperlu nyekseni.
"Bu, Mengo menawa wis tekan panggonan, aja ngisin-ngisinke yo, amarga akeh tamu penting, sugih. La awakdewe iki mung apa, nek yo mung gaplek disandingke karo burger to, roti sing isine tumpuk-tumpuk cacah akeh kae, nek yo njomplang.."
"Iya, iya pak. Wong ya nganti direwangi nyilih batik tanggane. La iki gelo klambi karo tas mung nyilih. Wis, saiki ngombe sik pak, ndak ngelak.." kandhane Bu Tukimin karo ngulungake botol wedhang sangu seko ngomah, mbokmenawa ing ndalan ngelak, ora kudhu nggolek warung, sing wedine larang, kamangka sangu duwite mung sithik.
Mudhun saka bis, sekalian kudu mlaku udakara 100 m tumuju gedung resepsi. "Pak, sik pak, mandheg sik, leren ing ngisor wit kana sing iyup, aku tak dandan dilit, gelo pupure rodo luntur, kamangka mau ing ngomah wis didandani anak wedhok, wis rapi, ning kok yo tetep luntur.." kuwi kandhane karo ngranggeh pupur, pengilon, lan saput dioser-oserke ing raine. Benges abang mbranang ora lali dioleske lambe.
"Wis bu, wis, aja kekandelen, mengko ndak kaya ledhek, isin aku."
Bu Tukimin ngguyu, "iya, iki wis rampung, yo gek ndang ndono."
Gedung kang kanggo resepsi pancen gedhe, jembar, akeh lampu-lampu apik kaya ing kraton. Bener tamune sandangane podo elok kabeh. Ora kaya Pak Tukimin sekalian sing seko nduwur tekan ngisor silihan kabeh. Ananging sakdurunge nyedak manten, pak Tukimin ngajak bojone minggir sik ing cedak tembok, lan raine pucet, rodo bingung. Bojone bingung, "Ono opo Pak?"
"Anu bu, ngelih..."
"Yo ayo, salaman njuk ndang madhang..."
"Dudu wetengku sing ngelih, ning sepatuku gelo, mau kesandung karpet kana mau, njuk ngarepe mbukak..."
Wong loro sekalian mung iso meneng bingung, ing sel-selane para tamu sugih ing resepsi iku...
Yogyakarta, 21 September 2015
kristianaeli@gmail.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar