Senin, 17 Februari 2014

Cerkak : Udan Awu

                                                      Dening : Eli Kristiana

        Ana telung dina saploke gunung Kelud njebluk lan ngetokke udan awu, tanda-tanda tumetesing udan ora ana,  kamangka awu putih ngebaki gendheng, gegodhongan, lan latar jembar sing biasane resik gilar-gilar, jan kaya-kaya donya ini lagi dipupuri karo Gusti Allah, supaya katon ayu kaya wong wedok..
        Dina iku Yu wantini mung thenguk-thenguk ana ing lincak cedak jendela kayu, karo nyawang njaba. Atine bingung, tangane gatel nggawe cethil, lupis, ketan ragi, lan gatot. Kuwi gaweane pendak dina supaya pawon iso tetep kumebul. Panganan iku digawe mbengi, lan isuk-isuk digawa menyang pasar kutha kana, karo ngepit bareng tangga-tanggane kang uga bakul. Kadangkala Yu wantini karo nggawa dagangan sayur, kayata kangkung, kenikir, bayem, lan sakpanunggalane, kang dipethik ing kebon pinggir sawah, dinggo tambah-tambah duwit.
        Ananging udan awu ini marakke deweke ora iso dodolan ing pasar. Piye maneh, sing arep blanja yo padha mikir-mikir menawa arep metu omah, ning ndalan kebak awu, marakke lara.

        "Bune, aku tulung gawekna teh.." keprungu suara bojone seko njero kamar, bojone sing wis rong taun iki lara lan ora iso mlaku amarga kecelakaan kerja ing pabrik cedak omah. Menawa mlaku kudu nganggo kruk tekan seprene.
        Yu Wantini gage-gage ning pawon, nggodog banyu  rong nggelas blimbing nganti umub. Banjur disokke ing cangkir blirik isi teh, lan langsung dikei gula rong sendok, diudak-udak nganti rata, lan ditutup. Teh tubruk, iku penjalukke garwane, teh kenthel, panas, lan legi, dewekke wis apal.
        Teh banjur digawa ing meja cilik cedak bojone teturon.
        "Bune.." undange alon.
        "Apa Pakne?"
        "Kowe kelingan ora telung puluh taun kepungkur nalika awakdewe ketemu pisanan, pas udan awu gunung merapi mbiyen, persis kaya saiki, ning omah kene, aku nunut ngiyup merga awune kandel, lan pitku ora isa mlaku, banjur bapakmu ngundang aku kon mampir, banjur kowe nyuguhi teh panas, kaya saiki..."
        Yu Wantini lungguh ana ing pinggir amben lan mripate mbrambangi, kelingan zaman mbiyen, deweke banjur mesem lan wangsulan, "Iya pakne, aku iseh kelingan kabeh."
        "Aku njaluk ngapura wis rong taun iki aku ora iso nggolek pangan dinggo kowe.." kuwi kang kaucap saka bojone.
        "Ora apa-apa Pakne, aku iseh kuat nggolek pangan kanggo awakdewe wong loro nganti tua."
        "Iya, aku ngerti kowe iseh kuat, nanging aku uga kepingin kowe iso urip kepenak kaya mbiyen rikala aku iseh makarya.... Bune, iki dinggo kowe..." ujare karo ngekei kalung emas ing tangane Yu Wantini.
        Yu wantini kaget. "Iki kalung seko ngendi Pakne? Duwit seko ngendi iki?"
        "Aja kaget  Bune, iki Gusti Allah sing maringi, seko kancaku ing gawean mbiyen sing nduwe utang telung yuta, wingi ujug-ujug mara ndene, nyaur utange, lan njaluk ngapura lagi iso mbalekke, lan awujud kalung mas. Kalung iki iseh tak simpen sawektu-wektu awakdewe butuh duwit kaya saiki, lan iki dinggo kowe bune, sakkarepmu arep kok dol, apa kok gadekke, apa kok nggo, sik penting atimu seneng, lan iki sing iso tak kei kanggo awakmu Bune..."
        Wong lara banjur pada sikep-sikepan lan brebes mili, kanyatan udan awu iki dadi udan awu endah persis telungpuluh taun kepungkur nalika mripat padha mripat ketemu...

Yogya, 17 Feb 2014
Siang ini
kristianaeli@gmail.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar