Selasa, 09 Juli 2013

Cerkak : Bojoku

Dening : Eli kristiana

          Wis telung sasi saploke aku ngandut tua anakku nomer siji, mas Marwan ora tau saba ngomah. Weruh anakke wae mung ping loro. Rikala aku babaran ing bidan sri, lan rikala anakke selapanan ing omahe simbokku. Kuwi uga amerga simbok nyusul mas Marwan supaya niliki anak bojone.
          Aku judeg, mbiyen zamane yang-yangan, mas Marwan tresno banget karo aku, ananging saploke bebojoan katon sifat asline, kasar. Menawa ora kepeneran sithik le aku ngladeni, tangane mesthi kumlawe, ninggalke bekas biru-biru ing awakku. Gaweane uga ora nggenah, jarene nyopir, nanging ora tau mblanja, malah kerep-kerepe njaluk duwit marang aku. Menawa aku ora ngekeki, mesthi barang-barang omah ono sing pecah.
          Kahanan ngandut aku kepeksa kerja umbah-umbah lan resik-resik nggone tangga, amarga butuh duwit kanggo mangan lan nyelengi kanggo ragat babaran sesuk. Kepiye maneh..Kabeh kalung, cincin, anting-anting, wis ilang disilih mas Marwan, embuh dinggo opo lan ora tahu bali. Dadine kabeh duwit sing ono, tak simpen primpen, tak lebokke kasur lan tak jait. Pengarepku muga-muga bojoku ora nemokke.
         Menawa dheweke bali ngomah, senengane mbengi terus, lan mambu omben-omben. Atiku ngampet loro, ananging ora wani tumindak. Opo dayaku, aku mung wong wedhok sing isone nangis lan nangis, pasrah karo kahanan urip, lan sendika dawuh karo bojo kang ora bener.
          Saplokke anakke lair, mas Marwan durung mari, malah saya ora nggenah. Puncakke seminggu kepungkur dhewekke bali, lan ngabari menawa arep nduwe bojo maneh, jarene wis meteng. Aku mung iso ngelus dada. Sabar, sabar, iku dudu kaping pisan, nanging kaping telu yange mas marwan meteng. Embuh piye kabar wong wedhok liyane, aku ora kepeingin ngerti.
          Simbok bola-bali ngandani, wis pegatan wae, dinggo opo urip karo wong lanang kurang ajar sing nggawe urip saya rekasa, wong sekolahku yo meso tekan smea, dadi iso ngoyak masa depan. Pancen bener omongane simbok, ananging piye-piyeo mas Marwan kuwi bapakne anakku sanadyan dheweke ora peduli karo anakke,  aku ugo isih tresno tenan. Aku isih ngarep-arep mas Marwan iso mari, ananging kok yo suwe ora mari-mari, mangka aku saya ora kuat...
           ****

          Aku krungu yen mas Marwan ketangkep polisi. Dodolan omben-omben, lan nyambi main. Dikunjoro bola-bali, nanging cepet metune amerga ono sing nebus. Aku wis ora peduli, aku dudu sisihane maneh sing mung iso dilarani. Aku wis beda. Saiki aku iso nyandang apik, ning ngendi-ngendi ono sopir sing ngeterku aku. Uripku kepenak saploke aku dipek bojo karo Pak Handoko, duda ora nduwe anak, sing dadi juragan pitik lan nduwe sawah pirang-pirang. Pancen umure wis 55 taun, beda 30 taun karo aku, uga aku ora nduwe rasa tresno babar blas. Nanging ora opo-opo, kabeh kanggo masa depan anakku. Nyatane atiku tentrem, aku diayomi, ditresnani, lan diajeni karo Pak Handoko. Anakku uga dianggep anakkke dhewe, diragati, dibukakke tabungan kanggo ragat tekan kuliah sesuk. Dadi aku uga mbalas kabeh katresnan iku kanthi ngabdi dadi bojo sing apik.
          Kadangkala mas Marwan isih nggolekki aku, njaluk balen, ananging ora mas, sanadyan rasa tresna iki iseh ono, nanging wis cukup aku kleru entuk bojo kowe mbiyen mas, saiki aku wong wedhok sing duwe bojo. Aku agarep ngabdi jiwa raga karo bojoku sing saiki, lan urip ayem tentrem salawase. Opo maneh aku ngandut anak kaping telu maneh, anakke Pak Handoko. Kabeh masa lalu wis tak tutup, supaya anakku uga nduwe masa depan kang luwih apik mengko.

Jogja, 8 Juli 2013
kristianaeli@gmail.com




Rabu, 19 Juni 2013

Cerkak : Nyidam



Dening: Eli Kristiana

            Santoso gedheg-gedheg ono ing cakruk, karu sarungan. Sirahe cekat-cekot. Kopi ireng olehe tuku ono ing angkringan Pak Muji, cedak cakruk wis arep entek.
            Lik Ngatimin, konco thethenguk lan ronda mbuyarke lamunane. “Ngopo kowe le? Gedheg-gedheg wae ket mau?” pitakone karo ngudut rokok kretek.
            “Ngene lo Lik, bojoku saiki lagi nyidam. Ngandut rong sasi. Pendak dino penjaluke macem-macem wae. Menawa pelem mentah, opo blewah ki sakjane akeh to, nanging penjalukke es blewah nanging olehe tuku kudu  panggone Yu Siyem, sik le dodol cedak protelon deso kae. Menawa ora panggone Yu Siyem emoh. La ket wingi nangis wae amargo Yu Siyem ora dodol. Njuk kepiye Lik?”
            “Kuwi jenenge kuwalat. Mbiyen seneng-seneng to dolan ning Samas?” ujare Lik Ngatimin karo ngguyu.
            “Sstt... ojo seru-seru Lik, isin aku, kuwi nek zaman mbiyen, wis tobat aku, wis cukup bojoku saiki wae. Wong wedhok siji we wis marakke mumet...” omongane Santoso karo gedheg-gedheg.
            Glenak-glenikke wong loro dibuyarke karo Agus utawa Singo, undang-undangane, amarga rambute senengane awut-awutan.
            “Wah, nek aku teko mesti gayeng iki...”
            “Gundulmu kuwi Ngo, Ngo...gayeng ning njuk edan..” Lik Ngatimin wangsulan.
            “Wuahaha.... aku ora gundul Lik, mung rambut singo....” wangsulanne Singo genti. “He piye mas dab, wah sik dadi manten anyar telung sasi kepungkur..Piye? Nek ono opo-opo konsultasi wae karo aku, aku pinter lho,  saiki kan ning UGM,” pitakone Singo karo Santoso.
            “Haiyo, utara Gajah Mada!” wangsulanne Lik Ngatimin.
            Wong telu do ngguyu cekakaan.
            “Ora usah sok-sok koyo dosen ngono Ngo, ming lulusan SD we nggaya. Iki lho koncomu mumet, bojone lagi nyidam sing aneh-aneh.”
            “O..wis isi to? Wah sori dab, aku dudu bidan, dudu dokter, salah alamat ki nek takon aku, bojo we ra nduwe, la aku ra tau adus e....” Lik Ngatimin karo Singo do ngguyu cekakan maneh.
            “Wis, do ra nggenah. Njaluk pitulungan tenan malah digeguyoni, mulakno do ra nduwe bojo..”  ujare Santoso karo lungo lan rodo misuh-misuh. Wong loro sing ditinggal ngguyu kepingkel-pingkel maneh, nganti untune Lik Ngatimin sing ompong katon cetho melo-melo.
**

            Santoso iseh glenak-glenik ono ing latar. Mlebu omah ora yo, nanging menawa  mlebu omah mesti ditakoni bojone, endi es blewahe, ananging menawa tetep nggolek, ora ngerti ngendi omahe Yu Siyem. Bingung. Atine bingung.
            Sidane Santoso takon takon omahe Yu Siyem, nek lan akhire iso nemokke.
            “Wis es blewah iki tak kek i kowe wae. Ora usah mbayar.”
            “Waduh maturnuwun yo Yu, nganti judeg  aku mikir bojoku.”
            “Iyo aku ngerti, sing sabar nagdepi wong nyidam,  kowe ki isih apik Le, Ora koyo Lik Ngatimin kae, gawene mung ono ing  cakruk to, narik becak yo mung kadangkala thok, mulakno ora nduwe bojo, sopo sing gelem, ngurusi deweke dhewe we ora iso.”
            “Isih mending aku yo Yu, mbok areppo mung dadi buruh, nanging iso ngekeki bojo, raketan mung madhang sego tempe, nanging atine seneng. Urip tentrem, karo nabung dinggo biaya nglairke mengko.”
            “Iyo bener. Wis gek ndang bali, selak dienteni bojomu.”
            “Nuwun Yu..”
Santoso nuli mlayu, njukuk pit cepet-cepet, gek ndang tekan omah.  “Mbokne iki aku nggawa es blewah kanggo  kowe.....”

Jogja, 19 Juni 2013



           

Rabu, 12 Juni 2013

Cerkak : Jagading Mbah Guno



Dening: Eli Kristiana

            Mbah Guno, wong tua kang dimengerteni pinter ono ing desa Pandon, sak ngisore pegunungan Menoreh, dadi jujugan para warga desa sing golek mari. Mbuh kuwi amarga tatu awake, utawa tatu amarga kena guna-guna, dikirimi wong sing kepengin nyilakani. Warga kang moro mung dikon ngombe banyu putih sing wis didongani simbah karo ndremimil, mbuh apa dongane. Kabeh iso dimarekke nganti waras-wiris. Bojo sing ditinggal amarga ono wedokan liya, iso bali rukun ayem tentrem le bebojoan. Bocah-bocah kang podo kena sawan iso mari mung disebul karo Mbah Guno.
            Ampuh. Iku arane warga marang Mbah Guno. Meh pendak dino wong-wong podo semrintil moro. Kepinteran dheweke wis kondang nganti ing desa kiwa tengen. Ananging ana dina-dina sing Mbah Guno ora iso ditemoni, yaiku jemuah kliwon. Jarene iku wektune simbah semedi. Menawa arep ning pasar tuku ubarampe, dheweke kongkonan Anggoro, bocah sing kerep ngewangi Mbah Guno menawa ono warga kang mbutuhake pitulungane.
            Mbah Guno, iku arane sawise ngilmu ono ing gunung Lawu pas zaman nom mbiyen. Umure wis ngancik sangang windu. Awake sedengan, ora gedhe uga ora cilik. Kulite ireng lan tansah nganggo lurik. Rambute wis putih kabeh, lan nggango iket sirah batik. Jenggote didawakke nganti meh tekan dada, ananging dikucir, meh koyo buntut jaran
            Omahe Mbah Guno ono ing pinggir desa dhewe, cedak karo kali. Latare jembar, kebak wit-wit pring, sing menawa udan lan angin suarane tikel tekuk bantere. Omahe gedheg, sing ora ono jendela babar pisan, mung ono lawang ngarep lan mburi tumuju sumur. Yen wiwit surub, ora wong kang wani liwat, amarga katon singup. Peteng. Omahe Mbah Guno ugo ora tahu ngurupke senthir, lan ambu menyan kerep sumebar kegawa angin.
**

Dino iku jemuah kliwon, Mbah Guno ora kaya biasane. Dheweke lungguh lendetan gedheg. Sikile selonjor ono ing klasa sing wis mbuh pirang tahun ora tahu dipepe. Ora ono menyan sing murup, ora ono ubarampe. Mung keris seko leluhure sing digujengi ono ing dada. Dheweke meneng, ambegan dawa. Embuh ning endi surya kang biasane katon ing raine.
Anggoro lungguh ono ing ngarepe, sikile silo, karo ngematke gurune. Nunggoni opo sing bakal kumecap.
“Ngger, rungokno yo, koyo-koyo aku wis ora iso dadi dukun maneh. Wis wayahe kabeh kasekten iki tak turunke ing kowe. Kasektenku wis ono ing keris iki. Tak jaluk kowe iso ngganteni aku nulung wong-wong sing butuh ditulungi. Welingku ojo pisan-pisan kasekten iki kok nggo tumindak sing ora becik, amarga kowe iso cilaka...” iku welinge Mbah Guno.
Anggoro ora iso omong opo-opo, deweke mung manthuk-manthuk. Karo nampa keris iku. Atine semedhot, lan nuli ambegan dawa, nguatke atine.
Mbah guno sawise omong koyo ngono, mripate merem. Atine krasa tentrem, amarga deweke ora perlu ngurusi prakara donya maneh, lan jagading Mbah Guno wis lebur ing awang-awang.

Jogja, 11 Juni 2013

Minggu, 02 Juni 2013

Cerkak : Jangan Lodeh

  dening : Eli Kristiana

            Aku bingung nyawang blanjane ibu kang ono ing pawon. Jarene arep mangsak sop, la kok malah lodeh. Piye tho ibu iki, pikirku ono ing jroning ati.
            “Iki lho Santi, ibu lagi kepingin mangsak lodeh jipang, karo nggoreng iwak kranjangan, nyambel, lan nggoreng tempe,” ngendikane ibu karo ngetokke blanjanan saka tas kresek.
            Aku mbesengut. Lodeh maneh, lodeh maneh. Opo ora ono jangan liyane. Telung dina kepungkur njangan lodeh mbayung, seminggu kepungkur njangan lodeh terong. Walah-walah, adoh tenan saka restoran kang biasane tak jujugi karo pacarku.
            “Wong jawa iku masakan khase pancen lodeh to. Kowe iku wong jawa Santi...”  Waduh, ibu wiwit nyeramahi aku, menawa dadi wong jawa lan wong wedhok iku kudu pinter mangsak, supaya yen nduwe sisihan mengko, sisihane krasan ono ing omah, amarga kerep dimngasakke sing enak-enak, lan paling utama pinter njangan lodeh.!
            Aku bosen, pendak dino mung kuwi wae temane. Aku kudu ajar mangsak lodeh. Mangka pendak ibu mangsak lodeh, aku mesti mangan ing njaba. Pacarku menawa  pendak apel, ngajak mangan  ing njaba, yo ora tahu tuku jangan lodeh.
  **
            Telung sasi sawise, aku entuk gawean ono ing kutho Palembang, amarga wis diwisuda September kepungkur. Ibu katon bungah banget, ananging rodo abot ngeculke anakke sing ragil dhewe.
            “Santi, ati-ati yo ono ing Palembang yo. Makarya sing bener. Njaga jenenge wong tuwamu..”  Iku welinge ibu karo mbrebes mili ono ing bandara Adisucipto, sadurunge pesawat lepas landas.
            “Injih Bu,..” wangsulanku uga karo mbrebes mili.
            Ono ing Palembang aku makarya tenanan. Aku fokus ono ing gawean administrasi  nganti sesambunganku karo pacarku ing Jogja pedot. Piye maneh, jarak adoh...Ananging ono ing Palembang aku entuk kenalan karo wong Palembang, jenenge Samsul. Aku wis mantep karo deweke. Wong tuwane kabeh yo wis setuju. Lan sik marakke aku bungah, aku ora kudu ngerti masakan jawa. Wah asyik tenan ini.
            Nalika arep bali ing Jogja pas dina prei, aku diundang  wong tuwane Samsul. Perkenalan critane. Atiku bungah baget, arep ketemu karo calon maratua tepate ing Prabumulih. Raketan atiku dag dig dug ra karu-karuan... Aku ditampa apik, sajake aku wis dianggep kaya anakke dhewe, lan ibune crita menawa mbiyen ketemu karo bapakne Samsul ono ing kutho Jogja.
            Wah kuthoku Jogja pancen romantis, wangsulanku ono ing jroning ati karo mesam-mesem.
            Let sedhela ibune mas Samsul, Ibu Halimah, ngendika, “San, Ibu minta tolong ya, wanita jawa itu kan terkenal pintar masak, ibu minta tolong masakin sayur lodeh ya, karena Ibu dan Bapaknya Samsul suka sekali makan sayur lodeh, ya mengenang masa di Jogja dulu, itu bahan-bahannya sudah ada di dapur..” kata Ibu.
            Blaik..! Aku mendelik karo ngelek idu. Piye to oki, kok dadi ngene critane....Raiku pucet, aku ora wani wangsulan, aku mung iso ndungkluk, lan kelingan kabeh wejangane ibu. Ibu nyuwun pangapunten, kulo ngeyel riyin menawi dipun kandani...
Ibu Halimah, kulo mboten saget mangsak lodeh....iku wangsulanku alon banget...
Jogja, 11 Agustus 2010