dening : Eli Kristiana
Aku bingung nyawang blanjane ibu kang ono ing pawon. Jarene arep mangsak sop, la kok malah lodeh. Piye tho ibu iki, pikirku ono ing jroning ati.
“Iki lho
Santi, ibu lagi kepingin mangsak lodeh jipang, karo nggoreng iwak kranjangan,
nyambel, lan nggoreng tempe,” ngendikane ibu karo ngetokke blanjanan saka tas
kresek.
Aku
mbesengut. Lodeh maneh, lodeh maneh. Opo ora ono jangan liyane. Telung dina
kepungkur njangan lodeh mbayung, seminggu kepungkur njangan lodeh terong.
Walah-walah, adoh tenan saka restoran kang biasane tak jujugi karo pacarku.
“Wong jawa
iku masakan khase pancen lodeh to. Kowe iku wong jawa Santi...” Waduh, ibu wiwit nyeramahi aku, menawa dadi
wong jawa lan wong wedhok iku kudu pinter mangsak, supaya yen nduwe sisihan mengko, sisihane
krasan ono ing omah, amarga kerep dimngasakke sing enak-enak, lan paling utama pinter njangan lodeh.!
Aku bosen,
pendak dino mung kuwi wae temane. Aku kudu ajar mangsak lodeh. Mangka pendak ibu
mangsak lodeh, aku mesti mangan ing njaba. Pacarku menawa pendak apel, ngajak
mangan ing njaba, yo ora tahu tuku jangan lodeh.
**
Telung sasi
sawise, aku entuk gawean ono ing kutho Palembang, amarga wis diwisuda September
kepungkur. Ibu katon bungah banget, ananging rodo abot ngeculke anakke sing
ragil dhewe.
“Santi,
ati-ati yo ono ing Palembang yo. Makarya sing bener. Njaga jenenge wong tuwamu..” Iku welinge ibu karo mbrebes mili ono ing
bandara Adisucipto, sadurunge pesawat lepas landas.
“Injih
Bu,..” wangsulanku uga karo mbrebes mili.
Ono ing
Palembang aku makarya tenanan. Aku fokus ono ing gawean administrasi nganti sesambunganku karo pacarku ing Jogja pedot.
Piye maneh, jarak adoh...Ananging ono ing Palembang aku entuk kenalan karo wong
Palembang, jenenge Samsul. Aku wis mantep karo deweke. Wong tuwane kabeh yo wis
setuju. Lan sik marakke aku bungah, aku ora kudu ngerti masakan jawa. Wah asyik
tenan ini.
Nalika arep
bali ing Jogja pas dina prei, aku diundang wong tuwane Samsul. Perkenalan critane. Atiku
bungah baget, arep ketemu karo calon maratua tepate ing Prabumulih. Raketan atiku
dag dig dug ra karu-karuan... Aku ditampa apik, sajake aku wis dianggep kaya
anakke dhewe, lan ibune crita menawa mbiyen ketemu karo bapakne Samsul ono ing
kutho Jogja.
Wah kuthoku Jogja
pancen romantis, wangsulanku ono ing jroning ati karo mesam-mesem.
Let sedhela ibune mas Samsul, Ibu Halimah, ngendika, “San, Ibu
minta tolong ya, wanita jawa itu kan terkenal pintar masak, ibu minta tolong
masakin sayur lodeh ya, karena Ibu dan Bapaknya Samsul suka sekali makan sayur
lodeh, ya mengenang masa di Jogja dulu, itu bahan-bahannya sudah ada di dapur..”
kata Ibu.
Blaik..!
Aku mendelik karo ngelek idu. Piye to oki, kok dadi ngene critane....Raiku pucet, aku ora wani wangsulan, aku mung iso ndungkluk,
lan kelingan kabeh wejangane ibu. Ibu nyuwun pangapunten, kulo ngeyel riyin menawi dipun kandani...
Ibu Halimah, kulo mboten saget
mangsak lodeh....iku wangsulanku alon banget...
Jogja, 11 Agustus 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar