Rabu, 19 Juni 2013

Cerkak : Nyidam



Dening: Eli Kristiana

            Santoso gedheg-gedheg ono ing cakruk, karu sarungan. Sirahe cekat-cekot. Kopi ireng olehe tuku ono ing angkringan Pak Muji, cedak cakruk wis arep entek.
            Lik Ngatimin, konco thethenguk lan ronda mbuyarke lamunane. “Ngopo kowe le? Gedheg-gedheg wae ket mau?” pitakone karo ngudut rokok kretek.
            “Ngene lo Lik, bojoku saiki lagi nyidam. Ngandut rong sasi. Pendak dino penjaluke macem-macem wae. Menawa pelem mentah, opo blewah ki sakjane akeh to, nanging penjalukke es blewah nanging olehe tuku kudu  panggone Yu Siyem, sik le dodol cedak protelon deso kae. Menawa ora panggone Yu Siyem emoh. La ket wingi nangis wae amargo Yu Siyem ora dodol. Njuk kepiye Lik?”
            “Kuwi jenenge kuwalat. Mbiyen seneng-seneng to dolan ning Samas?” ujare Lik Ngatimin karo ngguyu.
            “Sstt... ojo seru-seru Lik, isin aku, kuwi nek zaman mbiyen, wis tobat aku, wis cukup bojoku saiki wae. Wong wedhok siji we wis marakke mumet...” omongane Santoso karo gedheg-gedheg.
            Glenak-glenikke wong loro dibuyarke karo Agus utawa Singo, undang-undangane, amarga rambute senengane awut-awutan.
            “Wah, nek aku teko mesti gayeng iki...”
            “Gundulmu kuwi Ngo, Ngo...gayeng ning njuk edan..” Lik Ngatimin wangsulan.
            “Wuahaha.... aku ora gundul Lik, mung rambut singo....” wangsulanne Singo genti. “He piye mas dab, wah sik dadi manten anyar telung sasi kepungkur..Piye? Nek ono opo-opo konsultasi wae karo aku, aku pinter lho,  saiki kan ning UGM,” pitakone Singo karo Santoso.
            “Haiyo, utara Gajah Mada!” wangsulanne Lik Ngatimin.
            Wong telu do ngguyu cekakaan.
            “Ora usah sok-sok koyo dosen ngono Ngo, ming lulusan SD we nggaya. Iki lho koncomu mumet, bojone lagi nyidam sing aneh-aneh.”
            “O..wis isi to? Wah sori dab, aku dudu bidan, dudu dokter, salah alamat ki nek takon aku, bojo we ra nduwe, la aku ra tau adus e....” Lik Ngatimin karo Singo do ngguyu cekakan maneh.
            “Wis, do ra nggenah. Njaluk pitulungan tenan malah digeguyoni, mulakno do ra nduwe bojo..”  ujare Santoso karo lungo lan rodo misuh-misuh. Wong loro sing ditinggal ngguyu kepingkel-pingkel maneh, nganti untune Lik Ngatimin sing ompong katon cetho melo-melo.
**

            Santoso iseh glenak-glenik ono ing latar. Mlebu omah ora yo, nanging menawa  mlebu omah mesti ditakoni bojone, endi es blewahe, ananging menawa tetep nggolek, ora ngerti ngendi omahe Yu Siyem. Bingung. Atine bingung.
            Sidane Santoso takon takon omahe Yu Siyem, nek lan akhire iso nemokke.
            “Wis es blewah iki tak kek i kowe wae. Ora usah mbayar.”
            “Waduh maturnuwun yo Yu, nganti judeg  aku mikir bojoku.”
            “Iyo aku ngerti, sing sabar nagdepi wong nyidam,  kowe ki isih apik Le, Ora koyo Lik Ngatimin kae, gawene mung ono ing  cakruk to, narik becak yo mung kadangkala thok, mulakno ora nduwe bojo, sopo sing gelem, ngurusi deweke dhewe we ora iso.”
            “Isih mending aku yo Yu, mbok areppo mung dadi buruh, nanging iso ngekeki bojo, raketan mung madhang sego tempe, nanging atine seneng. Urip tentrem, karo nabung dinggo biaya nglairke mengko.”
            “Iyo bener. Wis gek ndang bali, selak dienteni bojomu.”
            “Nuwun Yu..”
Santoso nuli mlayu, njukuk pit cepet-cepet, gek ndang tekan omah.  “Mbokne iki aku nggawa es blewah kanggo  kowe.....”

Jogja, 19 Juni 2013



           

Tidak ada komentar:

Posting Komentar