Dening: Eli Kristiana
Mbah Guno, wong tua kang dimengerteni
pinter ono ing desa Pandon, sak ngisore pegunungan Menoreh, dadi jujugan para
warga desa sing golek mari. Mbuh kuwi amarga tatu awake, utawa tatu amarga kena
guna-guna, dikirimi wong sing kepengin nyilakani. Warga kang moro mung dikon
ngombe banyu putih sing wis didongani simbah karo ndremimil, mbuh apa dongane.
Kabeh iso dimarekke nganti waras-wiris. Bojo sing ditinggal amarga ono wedokan
liya, iso bali rukun ayem tentrem le bebojoan. Bocah-bocah kang podo kena sawan
iso mari mung disebul karo Mbah Guno.
Ampuh. Iku arane warga marang Mbah
Guno. Meh pendak dino wong-wong podo semrintil moro. Kepinteran dheweke wis
kondang nganti ing desa kiwa tengen. Ananging ana dina-dina sing Mbah Guno ora
iso ditemoni, yaiku jemuah kliwon. Jarene iku wektune simbah semedi. Menawa
arep ning pasar tuku ubarampe, dheweke kongkonan Anggoro, bocah sing kerep ngewangi
Mbah Guno menawa ono warga kang mbutuhake pitulungane.
Mbah Guno, iku arane sawise ngilmu
ono ing gunung Lawu pas zaman nom mbiyen. Umure wis ngancik sangang windu.
Awake sedengan, ora gedhe uga ora cilik. Kulite ireng lan tansah nganggo lurik.
Rambute wis putih kabeh, lan nggango iket sirah batik. Jenggote didawakke
nganti meh tekan dada, ananging dikucir, meh koyo buntut jaran
Omahe Mbah Guno ono ing pinggir desa
dhewe, cedak karo kali. Latare jembar, kebak wit-wit pring, sing menawa udan
lan angin suarane tikel tekuk bantere. Omahe gedheg, sing ora ono jendela babar
pisan, mung ono lawang ngarep lan mburi tumuju sumur. Yen wiwit surub, ora wong
kang wani liwat, amarga katon singup. Peteng. Omahe Mbah Guno ugo ora tahu
ngurupke senthir, lan ambu menyan kerep sumebar kegawa angin.
**
Dino iku jemuah kliwon, Mbah Guno ora kaya biasane. Dheweke lungguh
lendetan gedheg. Sikile selonjor ono ing klasa sing wis mbuh pirang tahun ora
tahu dipepe. Ora ono menyan sing murup, ora ono ubarampe. Mung keris seko
leluhure sing digujengi ono ing dada. Dheweke meneng, ambegan dawa. Embuh ning
endi surya kang biasane katon ing raine.
Anggoro lungguh ono ing ngarepe, sikile silo, karo ngematke gurune.
Nunggoni opo sing bakal kumecap.
“Ngger, rungokno yo, koyo-koyo aku wis ora iso dadi dukun maneh. Wis
wayahe kabeh kasekten iki tak turunke ing kowe. Kasektenku wis ono ing keris
iki. Tak jaluk kowe iso ngganteni aku nulung wong-wong sing butuh ditulungi.
Welingku ojo pisan-pisan kasekten iki kok nggo tumindak sing ora becik, amarga
kowe iso cilaka...” iku welinge Mbah Guno.
Anggoro ora iso omong opo-opo, deweke mung manthuk-manthuk. Karo nampa
keris iku. Atine semedhot, lan nuli ambegan dawa, nguatke atine.
Mbah guno sawise omong koyo ngono, mripate merem. Atine krasa tentrem,
amarga deweke ora perlu ngurusi prakara donya maneh, lan jagading Mbah Guno wis
lebur ing awang-awang.
Jogja, 11 Juni 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar